Contoh Puisi Bahasa Jawa
contoh puisi dalam bahasa jawa
1. contoh puisi dalam bahasa jawa
Negaraku
Nyawang bumiku katon
Kalbu rasane trenyuh
Pemudhane makarya ala
Bagaskara kang ancase nyunari
Cahyane sangsaya angkuh
Amarga para putra kang ala
Mbangkang pituture wong tuwa
Sira padha nandhang sungkawa
Nalika wong kang padha ora nduwe ati
Ngrusak bumi pertiwi
Lan padha jejogedan
Daton nganggo budi pekerti
Aduh Gusti
Apa iki pratandha bakal bubrah bumiku
Para pemudha kang dadi penerusing bangsa
Tanpa handarbeni gegayuhan
Pasindone padha nguciwani
Nalika ulangan padha turunan
2. contoh puisi bahasa jawa
“Ibu”
Ibu
anakmu kang dak wanti wanti
Kang dak kawatirake
Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki
Iki anakmu
Kang durung isa nyenengke ibu
Kang durung bisa nyenengke keluarga
Kang isih dadi tanggunganmu ibu
Nanging ibu
Anakmu iki bakal banggakke ibu
Banggakke keluarga kabeh
Anakmu rak bakal nyerah bu
Kanggo nyekel lintang ana langit
Kang kadhang ditutup mendhung
Kang kadhang mripat wae wis ora bisa weruh
Nanging anakmu iki janji ibu
–Intan Nukhi Adhiya–
3. Contoh puisi bahasa jawa!
Tema : Keindahan Alam
Judul : Gunung Merapi
Merapi
Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Jokowi lan Yusuf kalla
Merapi dadi saksi
4. contoh puisi bahasa jawa
NALIKA SEPI ....
pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi
tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut
semoga bermanfaat
KETAWANG IBU PERTIWI
Ibu prrtiwi....
paring boga lan wastra kang murakabi
paring rejeki manungsa kang bekti
ibu pertiwi....
sing sutresna mring sesami
ibu pertiwi kang ad luhuring budi
ayo sungkem mring ibu pertiwi
5. contoh puisi dengan bahasa jawa
Nalika Sepi,Udan Wayah Sore
6. contoh puisi bahasa jawa tentang laut
laut oh lautku
engkaulah samudra di dunia
engkau yang menghidupi ikan ikan dan makhluk lainnya
tanpa kau ikan akan mati karena mu
terima kasih
semoga membantu
7. Contoh puisi dalam bahasa jawa
PAHLAWAN
cip : rono
pahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan
tadah awak ora wedi marang kematian
nyowomu kanggo pondasine kebebasan
kanggo rakyat saking cengkramane penindasan
pahlawan, awan bengi nantang maut
ngalawan misil misil kang semrawut
kabeh lawan koe ajak gelut
ra peduli najan awak podo benjut
pahlawan, semangatmu koyo geni
ngobong kabeh pasukane kompeni
kanggo njaga lemah kang ditresnani
Indonesia merdeka, Indonesia di ormati
pitulas agustus taun papat lima
opo sing diimpike dadi nyata
saiki indonesia wes merdeka
pahlawan, perjuanganmu ra sia-sia
Indonesia merdeka !!!
Indonesia merdeka !!!
kabeh mergo perjuanganmu
pahlawanku
Merapi(Puthu Aryana)
Merapi...Saka kadohan katon gagahAsep putih ndedel ing awiyatTilas dalan lahar katon cethaKena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...Saumpama kowe bisa critaKabeh kadadean ing tanah JawaWiwit jaman Mataram KunaNganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...Sliramu anyekseni kridhaning bangsaWiwit nalika ngusir penjajah WalandaJaman mardika jaman SoekarnoNganti jaman SoehartoJaman Habibie tumekaning Megawati lan SusiloMerapi dadi saksi
8. contoh puisi bahasa jawa yang lain
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika
==============================
Segara Ayu
(Hisyam Z)
Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti
Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru
Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan
Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku
======================
Merapi
(Puthu Aryana)
Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
==========================
Kembang Mlathi
(R. Widiyati)
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
==============================
Api Abadi Mrapen
(R. Tantiningsih)
Latu kuwi, tansah murub
Ora nggubris kiwa tengene
Nadyan digrujug tirta
Nadyan maruta padha teka
Nanging latu kuwi ora surut
Latu kuwi, tansah murub
Kaya latu kang ana jero ati
Angel dipateni lan angel diadhemake
Latu kuwi, tansah murub
Ing mrapen dununge
Ninggal sejarah
Kanggo anak putu
=================================
Kitir
(Sumono Sandy Asmon)
Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi
Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan
Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat
================================
Koran
(Harum Sunya Iswara)
Taktunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang daktunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
Mosak-masike donya
Maju mundure negara
Minangka warta
Koran minangka alat komunikasi
Kang kudu diwerdi
Mula ora ketinggalan informasi
=====================================
Wutah Getihku
(Mahardono Wuryantoro)
Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani
Kawulamu....
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun
Aku lila....
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara
Lumantar iki....
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku
======================
Lindhu
Lara ati nemu plataran kabar winedhar
Embuh endi sing marahi lara tanpa tamba
Dene batin isih adreng ngawruhi
Dene urip kepengin ngemonah pikir
layak-layak dene gegambaran sing den-ukir
Mujudake sesanggeman saka wirayat gumingsir
Lindhu netepake gumingsire urip
Iya sadawane nalar, iya sandhuwuring gelar
Natkala sampeyan crita prakara jamang kethiwar
Dene kraton tinilar putra-putrine sing tumabirang
Kari siji geganthan sing singgih
Kaya krikil emas isih sumebar neng taman garing
Iku lindhu sing nyathet puisi abang, kuning, ireng
Tegal lelateng jrone pararaton muni
Gelung-tekuk wis wudhar, pinjung kemben linukar
Serat-serat kuna pecah dluwange : kraton bedhah
Ambane pardah ing guyu sacamah pasar-pasar dhusun!
O, lindhu ing sukma suwung
O, lindhu kang ngrucat sakabehing pulung
Ing kene lawatan sajangkah wis kajamah ruyung!
================================
9. Contoh puisi menggunakan bahasa jawa
Cara Wanita
Cara Wanita
[adinserter block="8"]
Pendidikan
Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tema Alam, Ibu Guru dan Cinta
by lee
106,753 Views
Contoh Geguritan Bahasa Jawa – Bagi sahabat saya yang suka sastra maka disini kami akan membagikan beberapa Geguritan Bahasa Jawa . Geguritan kalau di indonesiakan adalah puisi .Puisi (dari bahasa Yunani kuno: ποιέω/ποιῶ (poiéo/poió) = I create) adalah seni tertulis di mana bahasa digunakan untuk kualitas estetiknya untuk tambahan, atau selain arti semantiknya.
Penekanan pada segi estetik suatu bahasa dan penggunaan sengaja pengulangan, meter dan rima adalah yang membedakan puisi dari prosa. Namun perbedaan ini masih diperdebatkan. Pandangan kaum awam biasanya membedakan puisi dan prosa dari jumlah huruf dan kalimat dalam karya tersebut.
Puisi lebih singkat dan padat, sedangkan prosa lebih mengalir seperti mengutarakan cerita. Beberapa ahli modern memiliki pendekatan dengan mendefinisikan puisi tidak sebagai jenis literatur tapi sebagai perwujudan imajinasi manusia, yang menjadi sumber segala kreativitas. Selain itu puisi juga merupakan curahan isi hati seseorang yang membawa orang lain ke dalam keadaan hatinya.
Baris-baris pada puisi dapat berbentuk apa saja (melingkar, zigzag dan lain-lain). Hal tersebut merupakan salah satu cara penulis untuk menunjukkan pemikirannya.
Puisi kadang-kadang juga hanya berisi satu kata/suku kata yang terus diulang-ulang. Bagi pembaca hal tersebut mungkin membuat puisi tersebut menjadi tidak dimengerti. Tapi penulis selalu memiliki alasan untuk segala ‘keanehan’ yang diciptakannya. Tak ada yang membatasi keinginan penulis dalam menciptakan sebuah puisi. Ada beberapa perbedaan antara puisi lama dan puisi baru.
Namun beberapa kasus mengenai puisi modern atau puisi cyber belakangan ini makin memprihatinkan jika ditilik dari pokok dan kaidah puisi itu sendiri yaitu ‘pemadatan kata’. Kebanyakan penyair aktif sekarang baik pemula ataupun bukan lebih mementingkan gaya bahasa dan bukan pada pokok puisi tersebut.
Di dalam puisi juga biasa disisipkan majas yang membuat puisi itu semakin indah. Majas tersebut juga ada bemacam, salah satunya adalah sarkasme yaitu sindiran langsung dengan kasar.
Di beberapa daerah di Indonesia puisi juga sering dinyanyikan dalam bentuk pantun. Mereka enggan atau tak mau untuk melihat kaidah awal puisi tersebut. (wikipedia)
BACA JUGA: Contoh Pidato Kemerdekaan Bahasa Jawa 17 Agustus
Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tema Alam, Ibu Guru dan Cinta
1. Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika
2. Segara Aru
(Hisyam Z)
Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti
Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru
Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan
Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku
3. Merapi
(Puthu Aryana)
Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
4. Kembang Mlathi
(R. Widiyati)
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes… tes… netesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
5. Api Abadi Mrapen
(R. Tantiningsih)
Latu kuwi, tansah murub
Ora nggubris kiwa tengene
Nadyan digrujug tirta
Nadyan maruta padha teka
Nanging latu kuwi ora surut
Latu kuwi, tansah murub
Kaya latu kang ana jero ati
Angel dipateni lan angel diadhemake
Latu kuwi, tansah murub
Ing mrapen dununge
Ninggal sejarah
Kanggo anak putu
10. contoh puisi dalam bahasa jawa
MERAPI
Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
11. contoh puisi dalam bahasa jawa
geguritan
judul,e.saksak,e ....follow yah
12. contoh puisi tentang bahasa jawa
Sekolahku” Bangunanmu kang megah Madeg sakulone alun-alun Purbalingga Dadi tujuwane siswa-siswa Sing arep golet ilmu kanggo sangu tuwa Saben dina Aku tansah ana njero ruanganmu Ngrungokake piwulange bapak ibu guru Apa sing kudu digugu lan ditiru Tambah dina tambah marem atiku Sekolah neng SMA Negeri Satu Sing kawentar gurune Sing kawentar prestasine
13. contoh puisi dalam bahasa jawa
Contoh Geguritan Puisi Bahasa Jawa CITA – CITAKU
Esok awan wengi aku sinau
Kanggo nentoake cita-citaku
Ora ana wektu kanggo nyenengake atiku
Nanging semangatku nyagak sinau
Aku sinau sedina-dina
Tansah ngestokake dhawuhe wong tuwa
Takdua sak kabehing gada
Aku kudu entuk juwara
Oooh… gusti
Paringana rido awak mami
Supaya aku sesok bakti negri
Marakabi mring sesame
Oooh.. abot kaya ngene angele
Nanging aku kudu bisa nelakake
Kanggo ngimbangi rekasane wong tuwa
Bapak, Ibu ben lega atine
Putrane bisa Kabul gegayuhane
Dina Pendidikan Nasional iku
Ora ilang katerak wektu
Mesti ana ing atiku
Lan mesti ana ing atimu
Dina Pendidikan Nasional iki
Dina sing paling tak senengi
Amarga mung dipengeti
Dipengeti setaun kaping siji
Bapak Pendidikan Nasional ya
Ki Hajar Dewantara
Dina Pendidikan Nasional ya
Dirayakake dening warga sak nuswantara
14. contoh puisi berbahasa jawa
Wis Sepi Sing
Wis sepi sing nutu pari
Wis sepi sing nembang kinanthi
Wis luntur sembur suwuk jampi-jampi
Wis luntur kemarane panen
Lan wengi sing mengku misteri
Apa kang bakal kabiyaki
Lemah kurepe dhahar krasa wis tanpa arti
Lemah kurepe dhahar krasa wis tanpa arti
Mengane tela ketiga saya amba
Sumber-sumber pepet mbaka siji
Apa sing bakal sinungging ing pucuking driji
Kalpita tresna wis kelangan makna
Ing masyane banjir panetrasi
Wis sepi sing nutu pari
Wis sepi sing nembang kinanthi
Apa sing isih kagoleki
15. contoh puisi dalam bahasa jawa
pendhidhikan.perpisahan sekolah.ker lja baktiWAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah
dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen
semoga bisa membantu
Posting Komentar untuk "Contoh Puisi Bahasa Jawa"